Pranoto Acoro Jawa Lengkap Singkat Lengkap
Berikut salah satu bentuk pakem/standarisasi Pranoto Acoro pengantin singkat padat dalam Bahasa jawa, perlu di rubah sesuai nama, alamat, dan kondisi yang sesuai
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ، نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا، وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ.
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّى عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدًى
Assalāmu
‘alaikum wa raḥmatullāhi wa barakātuh.
Innal-ḥamda lillāh, naḥmaduhu wa nasta‘īnuhoo wa nastaghfiruh, wa na‘ūdzu billāhi min syurūri anfusinā wa sayyi’āti a‘mālinā. Man yahdihillāhu falā muḍilla lah, wa may yuḍlil falā hādiya lah.
Wa
asyhadu allā ilāha illallāh waḥdahu lā syarīka lah, wa asyhadu
anna Muḥammadan ‘abduhu wa rasūluh.
Allāhumma
ṣalli ‘alā Muḥammad wa ‘alā ālihi wa aṣḥābihi wa man tabi‘a hudā.
Dumateng Ngarsanipun para
sesepuh, pinisepuh, para ‘alim ulama ingkang satuhu lepdho ing pitutur, pono
ing pamaos ingkan pantes kinormatan saha dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Dumateng poro pangemban
pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih
ingkang kinasih.
dumateng bapa Danto kasiman. ibu Sulastri wati saha rombongan besan saking tlatah kotesan RT 18, Kecik, Tanon ingkang pantes pinundhi..
Para tamu kakung sumowono
potri ingkang pantes sinudharsono
Para kadang werdho mudo taruno
inggkang kulo tresnani
Minanggko purwakaning atur,
sumonggo kulo derekaken tansah ngunjukaken puji syukur dumateng ngarso dalem
Allaah SWT ingkang paring nikmat saha rohmat demateng kulo saha panjengenan,
katitik wonten ing rikalenggahan puniko kulo saha panjenengan saged kempal
manunggal nuhoni punopo ingkang dados bapa
Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu Erna S.PDi tasyakuran walimatul urs kanti
wilujeng nir ing sambe kala.
Saklajengipun Salawat soho
salam mugi tnsah kunjuk dumateng ngarsanipun nabi agung Muhammad SAW ingkang
kulo saha panjenengan tenggo menggah syafaatipun wontening yaumil kiyamah
samngke.
Sanggyaning para tamu ingkang bagya mulya, wondene penganten kekalih Bagus Hayyan Abiyyu kadaupaken roro Wulan sampun
tinangsulan tatacara akad nikah rikala dinten Seloso POn surya 28 oktober 2025 kanthi wilujeng kalis ing rubeda ingkang mapan wonten kotesan RT 18, Kecik,. Mugi pinanganten
kekaleh
kaparingan rumah tangga SAMAWA. Aamiin Ya Rabbal ‘Alamin.
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes sinudharsono
Sakderengipun kulo nyuwun
agunging samudro pangaksomo, mbok bilihkulo cumanthoko ngadeng ing mriki,
mboten sanes kulo hamung minangka sulih sariro saking pajengenipun bapa bapa Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu kinen
hangaturaken rantamaning adicara pawiwahan wonten ing pahargyan ndalu puniko.
Para tamu kakung sumowono putri ingkang pantes sinudharsono
Wondene rantamaning adicara
wonten ing pahargyan tasyakuran walimatul urs piniko nuninggih;
Ingkang sepisan atur pambuko,
Adicara ingkang ongko Kaleh nuninggih atur pasrah-panampi
pinangantun kakung. Wondene atur pasrah saking keluarga besan bopo Danto kasiman. ibu Sulastri wati sakmangkih badhe kasalirani
dening panjenenganipun bapa Rudi, ingkang di
pun kajejeri dening bopo Wanto lan Bopo
Larno, wondene
atur panampi saking kelurgo pianganten kakung bapa Purnomo, S.Kep.Ns dalasan Ibu Isakmangkih badhe kasalirani dening
bapa Bopo Sajimen, ingkang di
pun kajejeri dening bopo Agus lan Bopo Sasmin
Adicara ingkang angka tigo nuninggih atur pambagya raharjo
ingkang sakmangkih badhe kasalirani dening panjenganipun Bopo Danang
Adi cara ingkang ongko sekawan nininggih mau’idhoh hasanah ingkang
insyaAllah kawedar dening panjenenganipun Bopo Ust.
Rondy, MA.g
Adicara ingkang pungkasan nuninggih panutup
Mekaten mengggah rantamaning
adicara wonten pahargyan ri kalenggahan puniko.
Para tamu kakung sumowono putri ingkang dahat kinormatan.
Sumonggo adicara wonten ing
rikalenggahan puniko dipun bikak kanti waosan basmallah sesarengan, kanti
pangajap mugi pahargyan tasyakuran
walimatul ursy puniko tansah pinayungan rahmatipun Alllah SWT. kulo derekaken
Bismillah…
Para tamu kakung sumowono putrid ingkang pantes sinudarsono,
Adicara ingkang ongko kaleh
nuninggih atur pasrah-panampi pinanganten, wondene atur pasrah saking keluarga
besan bopo bapa Danto kasiman dalasan ibu Sulastri
wati
kasalirani dining panjenganipun bapa Rudi, ingkang di
pun kajejeri dening bopo Wanto lan Bopo
Larno. saha
atur panampi saking bapa Purnomo,
S.Kep.Ns soho Ibu kasalirani dening panjenganipun bapa Bopo Sajimen, ingkang di pun kajejeri dening bopo Agus lan Bopo Sasmin ,
Dumateng para ingkang sampun
kasebat, kulo aturi jengkar saking sasono palenggahan tumuju wonten ing sasono pangendikan…
sumonggo….
(acara)
atur pasrah saking bapa bapa Danto kasiman dalasan ibu Sulastri
wati kasalirani
dening panjenenganipun bapa Rudi , dumateng panjenganipun bopo
Rudi kulo semanggaaken,
sumonggo….
Mekaten menggah atur pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis
tur trawoco
Selajengipun inggih puniko atur pinampi pinanganten saking
mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak Purnomo, S.Kep.Ns badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi
pasrah saking keluwarga pinanganten putri menika ananging nggih kabekto saking
bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun
hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun
sulih sarirani dening bapa Sajimen pramila dumateng
panjenenganipun Bapa Sajimen wekdal saha sasana kawula aturaken.
Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun
dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken.
(acara)
Para tamu kakung somowono putrid ingkang pantes kinormatan
Adicara ingkang angka tigo
nuninggih atur pambagya raharjo ingkang sakmangkih badhe kasalirani dening
panjenganipun Bopo Danang, dumateng panjenenganipun Bopo Danang wekdal saha sasana kawula aturaken
Para tamu kakung somowono
putrid ingkang pantes kinormatan,
Adicara ingkang saklajengipun nunionggih istirahat,
Dumateng para kadang mudho taruno saha juru ladhi ugi juru
suworo kulo sumanggaaken ngaturaken kewajibanipun, Sumonggo…
Sinambi midangetaken gendhing, kulo nyuwun kersa panjenengan ndherek dhaharan ingkang sampun kaaturaken
Adicara poto pangeston manten, saking pihak manten putri, kula aturi majeng dhateng sasono
panggih manten kagem bebarengan sesarengan dipunpoto. Dumateng
juru foto kulo aturi kanggem mratitiasken poto pangeston, sumonggo
Adicara sesambetan foto pangeston saking pihak keluarga
manten Kakung, dhumateng asmanipun Keluarga
kakung, kulo nyuwun kersa rawuh majeng
dhateng sasosno panggih manten, kagem kapoto pangeston
sesarengan kaliyan manten kakung
kaliyan manten putri. Dumateng juru foto kulo aturi kanggem
mratitiasken poto pangeston, sumonggo
Para tamu kakung somowono putri ingkang pantes kinormatan,
Adicara isrtirahat dipun cekapaken semanten,
kalajengaken adicoro
saklajengipun nuninggih Mau’idhoh hasanah ingkang bade dipun babar dening
panjenganipun Bopo Ust. Rondy,
MA.g dumateng
Bopo Ust. Rondy,
MA.g wekdal saha sasana kawula
aturaken , sumonggo….
(acara)
Para tamu kakung somowono putri ingkang dahat kinormatan,
Mekaten menggah mau’idhoh
hasanah ingkang sampun kaaturaken dening Bopo Ust.
Rondy, MA.g
mugi saged nambahi kaimanan saha katakwaan kulo saha panjenengan sedoyo,
lamgkung-langkung dumateng pinanganten sarimbit ingkang badhe bale wismo saha bebrayan
agung.
(( nyuwun sewu dumateng para tamu kakung sumowono putri kulo
suwun pinarak sak wetawis, ngrantos juru ladhi ingkang ngaturaken daharan
dumateng para tamu)
Para tamu kakung somowono putri ingkang pantes kinormatan,
Mekaten menggah lampahipun
adicara wonten ing pahargyan rikalenggahan puniko sampun paripurno , kunjuk dumateng bapak
(shohibul bait) keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju
dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu
saha nyuwun tambahing berkah pangestu.
, kulo minongko
pranoto
adicara ugi hamengku gati mbokbilih anggen kulo matur kirang trapsilo sha
kirang subosito kulo ugi hamengku gati nyuwun agunging samudro
pangaksomo. Monggo pahargyan ing rikalenggahan puniko dipun tutup kanti waosan
hamdalah.. kulo derekaken .Alhamdulillahirobbil ‘alamii,
Saking kulo cekap semanten,
akhirul kalam, wassalamu’alaikum Wr Wb.
Yang perlu di rubah di sesuaikan kondisi
- bapa Danto kasiman. ibu Sulastri wati (besan)
- kotesan RT 18, Kecik, Tanon (alamat pengantin perempuan)
- bapa Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu Erna S.PDi (orang tua laki-laki)
- Bagus Hayyan Abiyyu kadaupaken roro Wulan (pasangan pengantin)
- Seloso POn surya 28 oktober 2025 (waktu akad nikah)
- bapa Rudi, ingkang di pun kajejeri dening bopo Wanto lan Bopo Larno (Pasrah)
- Bopo Sajimen, ingkang di pun kajejeri dening bopo Agus lan Bopo Sasmin (Nampi)
- Bopo Danang (pambagyaharjo)
- Bopo Ust. Rondy, MA.g (mauidoh hasanah)

Posting Komentar untuk "Pranoto Acoro Penganten Jawa Singkat"