Atur Pasrah Pengantin Jaler Singkat Lengkap
Berikut salah satu bentuk pakem/standarisasi atur pasrah pengantin singkat padat dalam Bahasa jawa, perlu di rubah sesuai nama, alamat, dan kondisi yang sesuai
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى أله وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ
Al-hamdu lillāhi
rabbil ‘ālamīn, waṣ-ṣalātu was-salāmu ‘alā asyrafi al-anbiyā’i wal-mursalīn, wa ‘alā ālihi wa aṣḥābihi wa man tabi‘ahum bi-iḥsānin ilā yaumid-dīn, ammā ba‘du.
Dumateng Ngarsanipun para sesepuh, pinisepuh,
para ‘alim ulama ingkang satuhu lepdho ing pitutur, pono ing pamaos ingkan
pantes kinormatan saha dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Dumateng poro pangemban pangembating praja
satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.
Ingkang pantes tampi pakurmatan
baraya calon/kadang besan sutresna bapa Danto kasiman. ibu
Sulastri wati, Para tamu kakung sumowono potri ingkang pantes sinudharsono
Para kadang werdho mudo taruno inggkang kulo
tresnani
Minanggko purwakaning atur, sumonggo kulo
derekaken tansah ngunjukaken puji syukur dumateng ngarso dalem Allaah SWT
ingkang paring nikmat saha rohmat demateng kulo saha panjengenan, katitik
wonten ing rikalenggahan puniko kulo saha panjenengan saged kempal manunggal
nuhoni punopo ingkang dados bapa Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu Erna S.PDi tasyakuran
walimatul urs kanti wilujeng nir ing sambe kala.
Saklajengipun Salawat soho salam mugi tnsah
kunjuk dumateng ngarsanipun nabi agung Muhammad SAW ingkang kulo saha
panjenengan tenggo menggah syafaatipun wontening yaumil kiyamah samngke.
Para tamu kakung putri ingkang
berbudi darma.
Langkung rumiyin kula hangaturaken
agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng kadang pangendaliningwara
awit sampun kepareng paring wekdal dhateng kula minangka duta saraya bapa
Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu Erna S.PDi . saking tlatah Suwatu,
Tanon, saperlu hangaturaken menggah wosing gati lekasing sedya sowan wonten
ngarsanipun kadang besan sutresna nun injih bapa Danto kasiman. ibu
Sulastri wati.
Ing salajengipun menggah wosing
gati sowan kula sapangombyong, kaudhar lumantar atur ingkang kedah kula
aturaken dhumateng Bapa Danto kasiman. ibu Sulastri wati.
Sepisan angaturaken salam
taklimipun bapa Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu Erna S.PDi. mugi konjuk wonten ngarsanipun Bapak Danto kasimansekalian Ibu Tutik Kadarsih S.Pd , kanti
waosan Asslamualaikum wr wb.
Atur ingkang angka kalih, sowan
kula nyunggi jejibahan anglarapaken saha amasrahaken putra penganten kakung
anakmas bagus Rondi inggih putra
kakungipun Bapak Purnomo, S.Kep.Ns
sekalian garwa Ibu Erna S.PDi awit
wonten ing dinten saha wulan kawuri sampun wonten pirembagan jejodohanipun
putra penganten kekalih. Wondene ing titiwanci menika dinten, wulan, lan warsa
pinanci kagem ijab qobuling putra penganten kekalih, inggih awit anak kula
anakmas bagus Rondi sampun kaijab qobulaken, saha sampun sah
jejodoanipun miturut satataning agami lan pranataning negari, pramila keparenga
kula hangaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng kadang
besan sutresna awit panyuwun kula sampun katindaaken, kejawi menika babagan
tanggel jawab panggulawentahipun putra kekalih kula aturaken dumateng baraya
ageng kadang besan sutresna, murih kekalihipun boten nalisir saking paugeraning
agami.
Kejawi saking menika minangka
jangkeping tiyang sesanggeman, ugi kagem tangsuling katresnan, pangiket
kekadangan, paningset pasederekan anggenipun sami bebesanan kula kinanthen
ubarampe jangkeping palakrami ingkang awujud sanggan, ageman, saha majemukan,
lan ugi sarat sarana adat padesan ingkang awujud, jurung srakah,
pakemit/pakepel/palagara, pamesing, saha tanda tresnanipun keluarga dhumateng
temanten putri awujud tali asih. Sedaya kula aturaken dhumateng kadang besan,
Mugi ing samangkih kersa hanampi kanti suka rena ing penggalih.
Jangkep salajengipun. kula
sapangombyong Bapak Purnomo, S.Kep.Ns
sekalian garwa Ibu Erna S.PDi tansah jurung pamuji mring Gusti Kang Maha
Tresna Asih mugi – mugi Gusti Allah angijabahi sedyaning putra penganten
kekalih, satemah saget hambangun kulawarga ingkang Sakinah Mawadah Warohmah.
Sagung tamu ingkang bagya mulya,
makaten lan semanten atur kula minangka sulih sarira Bapak Purnomo, S.Kep.Ns sekalian garwa Ibu Erna S.PDi minangka
titah limrah kula anglenggana katah atur ingkang kirang mranani ing penggalih,
pramila kiranging subasita lan trapsila anggen kula matur, kula hanamung
mawantu wantu nyuwun lumunturing samodra pangaksama.
Nun ugi murih rancaging panindak,
hambok bilih adicara upacara pasrah panampining putra temanten kakung sampun
paripurna, keparenga kula sapangombyong nyuwun pamit lan nyuwun tambahing donga
pangestu mugi anggen kula lan baraya ageng Bapak
Purnomo, S.Kep.Ns sekalian garwa Ibu Erna
S.PDi wangsul dhateng rompokipunn piyambak piyambak tansah rahayu ingkang
sami pinanggih, wondene baraya ageng Bapak Danto kasiman/Ibu Tutik Kadarsih
S.Pd makatena ugi.
Ing wusana wekdal katur dhumateng
kadang pangendaliwara kanthi atur matur nuwun.
Wassalamu ‘alaikum Warahmatullaahi
Wabarakaatuhu.
Yang Perlu di rubah sesuai kondisi dan keperluan :
Nama Orang tua : Bapak Purnomo, S.Kep.Ns Ibu Erna S.Pdi
Nama Besan : bapa Danto kasiman. ibu Sulastri wati
Pengantin laki-laki : bagus Rondi
Alamat Laki-laki : Suwatu, Tanon
Demikian atur pasrah pinangantin Laki-laki, semoga bermanfaat.

Posting Komentar untuk "Atur Pasrah Pengantin Jaler Singkat"