Atur Panampi Pengantin Setri Singkat

Atur Panampi Pengantin Setri Singkat Lengkap 


Berikut salah satu bentuk pakem/standarisasi atur panampi/pinampi pengantin singkat padat dalam Bahasa jawa, perlu di rubah sesuai nama, alamat, dan kondisi yang sesuai



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى أله وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ

Al-hamdu lillāhi rabbil ‘ālamīn, wa-alātu was-salāmu alā asyrafi al-anbiyā’i wal-mursalīn, wa alā ālihi wa aṣḥābihi wa man tabiahum bi-isānin ilā yaumid-dīn, ammā badu.

 

Dumateng Ngarsanipun para sesepuh, pinisepuh, para ‘alim ulama ingkang satuhu lepdho ing pitutur, pono ing pamaos ingkan pantes kinormatan saha dipun mulyaaken dening Allah SWT.

Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.

Ingkang pantes tampi pakurmatan baraya calon/kadang besan sutresna bapa Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu Erna S.PDi, Para tamu kakung sumowono potri ingkang pantes sinudharsono

Para kadang werdho mudo taruno inggkang kulo tresnani

Minanggko purwakaning atur, sumonggo kulo derekaken tansah ngunjukaken puji syukur dumateng ngarso dalem Allaah SWT ingkang paring nikmat saha rohmat demateng kulo saha panjengenan, katitik wonten ing rikalenggahan puniko kulo saha panjenengan saged kempal manunggal nuhoni punopo ingkang dados bapa Danto kasiman. ibu Sulastri wati tasyakuran walimatul urs kanti wilujeng nir ing sambe kala.

Saklajengipun Salawat soho salam mugi tnsah kunjuk dumateng ngarsanipun nabi agung Muhammad SAW ingkang kulo saha panjenengan tenggo menggah syafaatipun wontening yaumil kiyamah samngke.

Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT – Gusti Ingkang Maha Agung, kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Danto kasiman. ibu Sulastri wati, keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah saking kulawarga Bapa Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu Erna S.PDi.

Ingkang sepisan, kula minangkani punapa ingkang dados kersanipun Bapa Danto kasiman sekalian dalasan sedaya kulawarga, ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bapa Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu Erna S.PDi -sapendherek, ingkang pidalem wonten ing  Dukuh Jenggrik, Desa Purwosuman, Kec. Sidoharjo, Kab Sragen.

Kaping kalih, menggah salam taklim Bapa Purnomo, S.Kep.Ns soho Ibu Erna S.PDi. lumantar panjenengan kula tampi, dhawah sami-sami, kanthi atur  “wa’alaikumussalam wr.wb”

Wondene menggah keplasing sedya panjenengan hamasrahaken utawi hanglarapaken temanten sarimbit nun inggih Roro Niken Sunarsih, SKM, ingkang sampun kaleksanan  Ijab Qabul daup kalian bagus Rondi , kala dinten Kamis Pon, 29 November 2018,

Bapa Danto kasiman,  sakulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning manah. — saklajengipun, mbok-bilih samudayanipun sampun satata samapta, temanten kekalih tumunten badhe kalenggahaken, manut tatacara lan pradatan ingkang lumampah wonten kampung mriki..

—-dumateng Bapa Purnomo, S.Kep.Ns sak-penderek, kula aturi pinarak lenggah wonten papan ingkang sampung kasediaaken kanthi mardiko mardikaning manah, ngantos purnaning pahargyan. 

Panyuwunipun Bapa Danto kasiman dalasan kulawarga, mugi panjenengan sedaya kepareng paring donga pangestu dhumateng putra temanten kekalih. Kanthi pangajab mugi temanten kekalih ingkang badhe nggebyur-lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagyo mulya, dados kulowargo ingkang Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun. Aamiin ya Robbal ‘aalamiin.

Mbok bilih samangke pahargyan sampun purna, panjenengan sarombokan bade pamit, Bapa Ibu Danto kasiman sakulawarga namun saget atur donga pangestu, mugi lampah panjenengan sarombongan saking papan mriki ngantos dumugi dalem sowang-sowang, manggih kawilujengan mboten wonten alangan satunggal punapa.

Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, saha hanampi, saha hanglenggahaken panjenengan sedaya mboten rena ing penggalih, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.

Billahittaufiq wal-hidayah,

Wassalamu ’alaikum wr.wb

 

Yang Perlu di rubah sesuai kondisi dan keperluan :

Nama Orang tua         : Bapak Purnomo, S.Kep.Ns Ibu Erna S.Pdi

Nama Besan              : bapa Danto kasiman. ibu Sulastri wati

Pengantin Perempuan : Roro Niken Sunarsih, SKM 

Alamat Laki-laki         : Suwatu, Tanon

Waktu ijab qobul       : Kamis Pon, 29 November 2018

 


Posting Komentar untuk "Atur Panampi Pengantin Setri Singkat"